Teks Drama Bahasa Daerah (Jawa) "Wong Tuwo Lalai"

Unsur Intrinsik

1.      Tema              : Remaja sing nduweni watak ala
2.      Alur                : Maju
3.      Judul              : Wong Tua Lalai
4.      Tokoh             :
-          Fajriyah (murid)                            - Risma (murid)
-          Silvia (Ibuke Fajriyah)                  - Haviedz (murid)
-          Syaifudin (Bapake Fajriyah)        - Angelia (murid)
-          Febryani (Ibu BK)                         - Tia (murid)
-          Fathan (Guru)
5.      Penokohan
-          Fajriyah nduweni watak ala
-          Silvia nduweni watak sing kurang apik
-          Syaifudin nduweni watak sing kurang apik
-          Febryani nduweni watak sing apik lan bijak
-          Fathan nduweni watak sing apik
-          Tia nduweni watak sing apik
-          Angelia nduweni watak sing apik
-          Risma nduweni watak sing ala
-          Haviedz nduweni watak sing ala
6.      Latar
a.       Latar Panggonan            : Sekolah lan Omah
b.      Latar Wektu        : Bengi lan Esuk
c.       Latar Suasana     : Tegang
PROLOG
            Ing sawijining dina ana bocah jenenge Fajriyah, areke nduweni watak sing ala. Wong tuane ora ngereken amarga sibuk karo penggaweane dewe-dewe.  Mergane iku Fajriyah ora ngereken pelajaran ing kelas.
(Ing meja makan)
Fajriyah           : “Bapak, Ibu… minggu iki aku pingin mlaku-mlaku bareng
    menyang Jogja.”
Bapak              : “Ora iso toh, Bapak minggu iki ana rapat penting.”
Ibu                   : “Iyo nduk, Ibumu minggu iki yo sibuk nduk.”

            Ujug-ujug hp ne wong tua kalorone muni, wong lorone podo sibuk karo hp ne lan ninggalake meja mangan, banjur nggowo tas lan budal kerja.
Fajriyah           : “Ealah… kaet ngomong kok yp wis di tinggal. Nek ngunu tak budal
    sekolah wae.”

(Ing kelas)
Dina iki ana PR Basa Jawa, Fajriyah lan kaca-kanca ne ora nggatekake.
Haviedz           : “Jek, ayo dolanan Get Rich.”
Fajriyah           : “Ayo lo, oh yo Risma iki nang endi kok ora teka-teka.”
Haviedz           : “Ora ngerti aku. Coba tak telpone.”

Ujug-ujug Risma teko menyang kelas.
Fajriyah           : “Lah iki areke. Kowe lapo ae kok ora teka-teka.”
Risma              : “Yo dandan disek to, wong aku cah ayu.”
Fajriyah           : “Wis ayo kon melok dulinan Get Rich opo ora?”

Durung sempet Risma jawab, Ajeng kanca sakelase nyauti.
Ajeng              : “Loh rek, kowe kok dulinan ae toh, apa PR mu wis mari?”
Risma              : “PR opo? kok aku ora ngerti.”
Fajriyah           : “Halah ora ngurus PR, kowe melu dolanan Get Rich opo ora Ris?”
Risma              : “Gak wes, mending aku selfie wae.”

Gak suwe, Guru Basa Jawa melbu ing kelas.
Pak Guru         : “Assalamualaikum…”
Murid-murid   : “Waalaikumsalam Pak.”
Pak Guru         : “Ayo ndungo disik, Fajriyah ayo dipimpin kanca-kancane,”
Fajriyah           : “Males Bu, kon wae Viedz.”
Haviedz           : “Ealah aku yo males. He arek rajin pimpinen ndungone.”
Angel              : “Hmmm, sadurunge pelajaran diwiwiti, monggo ndungo sesarengan.”
Pak Guru         : “Wis, PR e minggu wingi dikumpulake.”
Ajeng, Angel   : “Inggih Pak.”
Pak Guru         : “Loh, Haviedz, Risma, Fajriyah kok kowe ora ngumpulno?”
Risma              : “Ehh… niku pak, anu… nopo.. buku kulo kari ten griya.”
Fajriyah           : “Males Pak, Basa Jawa iku gampang.”
Haviedz           : “Kula mboten semerap PR e Pak.”
Ajeng              : “Mboten Pak, arek-arek mau sampun kula dukani yen enten PR, nanging
    mboten ngereken Pak.”
Pak Guru         : “Weleh… weleh. Kok kayak ngunu, nyapo to le nduk? Yowes ngene bae
    minggu  ngarep ngerjakake PR e lan tak tambah sing liya-liyane soale
    bijimu kosong.”
Fajriyah           : “Yo ora isok Pak.”
Pak Guru         : “Wis ora usah mbantah! Saiki ayo dibuka kanca 4 bab aksara jawa.”

Sawise 8 jam pelajaran wes mari. Bel mulih pun muni.
Fajiryah           : “Viedz, Ris ayo dolen.”
Risma              : “Loh ora isok, aku ngerjakno basa jawa bae, engkok aku yen ora nduwe
    biji ya ora iso lulus.”
Haviedz           : “Yowes aku mene nyontoh yo Ris, Je kayo budhal.”
Fajriyah           : “Kowe iku ndeso, ora usah ngurusi PRe wong iku.”
Risma              : “Wis ora ngurusi kon, aku tak moleh bae.”

            Sampek bengi, Fajiryah lan Haviedz ora moleh-moleh teko dolan. Dumadokan Bapake Haviedz telpon lan arek loro banjur moleh.
(Ing omahe Fajriyah)
Fajriyah           : “Eala iki omah gede nanging kok koyok kuburan. Tak mangan ae lah.”
    (nanging Fajriyah iling)
Fajriyah           : “Oh yo pembantuku kan bali menyang kampunge. Ibu bapak yo durung
    moleh. Piye iki, wetengku luwe banget iki.”

            Amarga wetenge Fajriyah loro, Fajriyah turu-turu menyang kamare banjur keturon. Jam 12 bengi wong tua kelorone kondur, kedadean macem iki wis biasa kanggo keluargane Fajriyah. Keluargane ora nduweni waktu kanggo kumpul-kumpul amarga sibuk karo urusane dewe-dewe.
(Ing kelas)
Pak Guru         : “Assalamualaikum…”
Murid-murid   : “Waalaikumsalam Pak.”
Pak Guru         : “Ayo arek-arek ndang disiapake bukune. Oh yo Fajriyah, Haviedz lan
    Risma tugase endi?”
Ris & Hav       : “Nggeh Pak.”
Pak Guru         : “Loh Fajriyah endi tugasmu?”
Fajriyah           : “Tugas nopo se bu, aku lali.”
Ajeng              : “Halah, ora usah ngapusi kowe Jek, sabendino aku ngilingno kowe, tapi ya
   awakmu ae sing ora tau ngerungokake.”
Angel              : “Lah iyo piye toh kowe Jek, sekolah kok karepe dewe.”
Fajriyah           : “He kutu buku! Kowe ojo melok-melok urusane wong liya.”
Ajeng              : “Loh kene kan cuma ngilingno kowe toh Jek.”
Pak Guru         : “He, wes… wes… kok malah guneman karepe dewe. Ndang disiapake
    kertas  ulangane.”
Murid-murid   : “Inggih Pak.”

(Ing kantor guru)
Pak Guru         : (guneman) “Ealah bocah-bocah iki sesuk dadi opo to yo? Ulangan ae ora
   iso njawab.”
Bu BK             : “Ono opo toh Pak? Kok njenengan khaton susah.”
Pak Guru         : “Oh niki loh Bu, murid saking kelas X A-6 iki kok yo nemen e, ora tau
    ngereken pelajaran. Ora tau ngumpulno tugas , ora tau nurut, ora sopan
    kali yen gurune, nilaine kosong. Yen ngene terus isok-isok gak lulus.”
Bu BK             : “Loh, sinten toh Bu sing kayak ngunu?”
Pak Guru         : “Niku loh Bu, Fajiryah putrane Pak Sismawan sing sugih niku.”
Bu BK             : “Loh mosok toh Pak?”
Pak Guru         : “Inggih Bu saestu.”
Bu BK             : “Loh kene kayak ngonten nggeh mboten saget ditoletansi, kula kudu
    nindak lanjuti.”
Pak Guru         : “Inggih Bu, yok nopo yen kulo timbali bocahe samenika.”
Bu BK             : “Oh inggih Pak, monggo.”

Sawise Fajriyah diceluk ing ruang BK. Fajriyah didukani kaliyan Ibu BK.
Bu BK             : “Apa kowe ngerti apa kesalahanmu?”
Fajiryah           : “Kesalahan nopo toh Bu?”
Bu BK             : “Kesalahanmu niku akeh, deloken iku, klambi ora dilebokake, sepatu
    putih mureh-mureh gak karo-karoan.”
Fajriyah           : “Lah terus masalahe opo toho Bu?”
Bu BK             : “Arek  kok ora ngerti aturan, mbok yo ngerti Bapakmu kuwi wong sing  
   terpandang  ing sekolah iki, iki maeng aku etok laporan yen kowe ora tau
   ngereken pelajaran, apa bener iku?”
Fajriyah           : “Nggeh ngenten niku Bu.”
Bu BK             : “Didukani kok malah begejegan, deloken nilaimu iki kosong kabeh, yen
    wis kayak ngene diapakake ora iso lulus kowe.”
Fajriyah           : (njegideg)
Ibu BK                        : “Wes ngene ae saiki tak paring surat panggilan wong tuwamu. Sabtu kudu
    teko.”

Dorong ngomong iyo, Fajiryah nyelonong metu teko ruang BK karo mikir ngenum surat iku.
(Ing omahe Fajriyah)
Fajriyah           : “Wes jam 10 bengi kok durung muleh ae yo, lapo ae wong tua ku iki.”

Dua jam ngenteni, akhire wong tuane Fajriyah kondur teka kerja.
Fajriyah           : “Bengi kayak ngene kok kaet moleh tho Bu?”
Ibu                   : “Ojok ngomong ae, iki munu demi biaya uripe awak dhewe.”
Bapak              : “Kok dungaren tho le durung turu. Ono opo?”
Fajriyah           : “Anu, Pak… Bu, iki… eh….”
Ibu                   : “Anu…. Anu, ngomong sing jelas, ono opo?”
Bapak              : “Halah wes bengi, ayo turu simpenen ae omonganmu kanggo sesuk esuk.”

            Bapak lan Ibune banjur nyelonong ing njero kamar ninggalake Fajriyah. Fajriyah kesel, gagal menehake surat panggilan kanggo wong tuane. Akhire Fajriyah nduweni inisiatif nempelake surat iku mau, ing lawang lemari es.
(Ing meja makan)
Ibu                   : “Faj, Ibu lan Bapak ora iso sarapan esuk, kowe sarapan dewe yo, ana roti
    ing kulkas.”
Bapak              : “Bapak budhal yo le.”
Fajriyah           : (guneman karo ngamuk) “Gagal maneh.”

Sampek dina Sabtu. Tetep bae Fajriyah ora iso ngekeake surat panggilang menyang wong tuane.
(Ing kantor BK)
Bu BK             : “Nganti jam yah ene kok wong tuane Fajriyah ora teka ya?” (mlaku-mlaku
   muter-muter ruangan) “Opo Jek, ora menehake surat e menyang wong
   tuane?  Mending tak telpone wong tuwane saiki.”

(Ing telpon)
Ibue Fajriyah   : “Hallo Assalamualaikum.”
Bu BK             : “Waalaikumsalam. Nopo bener niki Ibu Silvi?”
Ibue Fajriyah   : “Inggih, niki sinten nggeh?”
Bu BK             : “Niki saking pihak sekolahe Fajriyah, kulo Bu BK. Ngantos jam yamenten
   njenengan kok dereng dhateng sekolah? Nopo dereng angsal surat
   panggilan saking Fajriyah?”
Ibue Fajriyah   : “Loh? Surat panggilan? Saking Fajriyah?”
Bu BK             : “Inggih Bu.”
Ibue Fajriyah   : “Walah, Fajriyah iku piye, ora ngandani, nggih pun Bu, kulo bakal ten
   sekolah kale Bapak Fajriyah samenika.”
Bu BK             : “Inggih, Asslamualaikum.”
Ibue Fajriyah   : “Waalakumsalam.”

(Ing ruang BK)
Ibu & Bapak   : “Assalamualaikum.”
Bu BK             : “Waalaikumsalam. Oh Pak Sismawan lan Bu Risma toh, monggo
    pinarak.”
Ibue Fajriyah   : “Inggih Pak, matur nuwun.”
Bu BK             : “Ngenten loh Pak, Bu. Kula minangka guru BK, angsal laporan saking
                sawijine guru yen tumindake Fajriyah ing sekolah niku kurang apik. Lan
    kulo tugase ing kene dados jembatanipun pihak sekolah klawan wali
    murid ngenani kahanan  menika.”
Bapak Faj        : “Mangke ta Bu, gegayutan tumindake Fajriyah sing kurang apik? Menika
    tegesipun menapa?”
Ibue Fajriyah   : “Inggih Pak, sangerti kulo ing omah Fajriyah ora tumindak ala.”
Bu BK             : “Loh? Nanging nuwun sewu nggih pak, bu. Fajriyah miturut laporan
    menika mboten purun ngereken  pelajaran, mboten nate ngerjakno
    tugas.”
Ibue Fajriyah   : “Loh inggih ta Bu?” (kaget)
Bu BK             : “Saestu Bu, lan menurut kulo Fajriyah niku senang nglamun pasuryane
    katon kados wonten ingkang. Kira-kira napa wonten masalah wonten
    griya.”
Bapak Faj        : “Waduh, niku masalah rumah tangga, Ibue Fajriyah sing sumerap.”
Ibue Fajriyah   : “Loh kok malah aku to Pak, kan Bapak kepala keluarga samestine Bapak
    sing luwih ngerti.”
Bu BK             : “Pun sampun to Pak Bu, mekaten mawon menawi panjenengan mboten
   sumerap, kulo timbale mawon Fajriyah monggo dientosi rumiyen.”

(Ing kelas)
Bu BK             : “Nuwun sewu anak-anak, pundi sing jenenge Fajriyah?”
Ajeng              : “Jek kowe ditimbali Bu BK.”
Fajriyah           : “Lapo Pak?”
Bu BK             : “Fajriyah kowe ngadhep ing ruang BK saiki yo.”
Risma              : “Lah lapo kowe Faj diceluk.”
Haviedz           : “Iyo Bro, ana apa?”
Fajriyah           : “Gaeroh , wes menengo.”

(Ing ruang BK)
Fajriyah           : “(ngetul lawang)
Ibue Fajriyah   : “Faj, lungguo le.”
Bapak Faj        : “Faj, apa bener kowe ing sekolah ora tau ngereken pelajaranmu, ora tau
   ngereken pelajaranmu, ora tau ngerjakake tugas.”

Fajriyah njegidek
Bu BK             : “Fajriyah kowe ngomongo, iki sawijine cara kanggo sampeyan supaya
    bisa ngrampungake masalah.”
Ibue Fajriyah   : “Iyo nduk, kowe ngomong ana apa?”

Fajriyah tetep meneng ora njawab.
Bapak Faj        : “Faj, kowe aja meneng ae, jawaben supaya rampung masalahe iki, Bapak
    ana  meeting jam 12 mengko.”
Fajriyah           : “Lah iku, iku panjenengan pingin ngertikan masalahe apa? Yo mong
    keloro iki masalahe.” (Fajriyah ngomong karo ngadek lan nuding wong
    tu kelorone)
Ibue Fajriyah   : “Fajriyah, lungguh kowe! (emosi) apa maksudmu masalah e iku aku lan
    Bapakmu?”
Bu BK             : “Sampun, sampun. Mboten usah emosi-emosian, monggo masalah niki
    dirampung aken genah-genah, Fajriyah jelasno nduk.”
Fajriyah           : “Sakjane kula arep ngomong kaliyan Bapak lan Ibu. kula niki sampun
\                           gedhe Bu, mosok kula ket cilik nganti gedhe. Bapak lan Ibu mboten tau
    nduweni waktu kanggo kulo, ngereken kulo, kulo kepingin kayak kanca-
    kanca kula, isok liburan  bareng, mulih sekolah wes ana sing nyambut, la
    nana sing nyiapake  mangan,  isok mangan bareng-bareng sabendino.”
Ibue Fajriyah   : “Tapi Ibu kan yo kudu kerja kanggo awakmu nduk.”
Fajriyah           : “Kerja, kerja ae, duwik tok sing dipikirake.”
Bapak Faj        : “Terus nek ora ana duwik, kowe kate mangan apa?”
Bu BK             : “Wes, wes Bapak Ibu lan Fajriyah. Kula sampun nemokaken masalahe
    niki nopo, ngenten Pak Bu, panjaluke Fajriyah dhateng njenengan niku
    kerja kanggo kelangsungan urip nanging nggih waktune dibagi kudu  
   nyempatake wektu . kanggo  keluarga. Bener ancen yen keluarga ora  
   nduweni wektu kanggo kumpul isok ngguncangake kahanan keluargane
   dewe. Ora tambah mujur malah ajur anane. Saran kulo kados pundi
   menawi Bu Silvi mboten kerja nanging ngurusi. keluarga mawon in
   nggriya, kan luwih apik, toh Pak Sismawan kerjone wis mapan. Lan kowe
   Fajriyah, kowe dadi anak ora oleh nuruti emosimu ngerti anggota  
   keluargane salah yo diilingake apik-apik ora tambah ditambah- tambahi.”
Ibue Fajriyah   : “Inggih Bu, matur sembah nuwun sampun peduli lan maringi saran 
    marang  keluarga kita. Inggih kulo ngaku salah ora nyempetake wektu
    kanggo Fajriyah. Faj sepurane sing akeh yo nduk.”
Bapak Faj        : “Iyo nduk, Bapak yo ngaku salah, ngapuranen yo.”
Fajriyah           : “Inggih Pak Bu. Fajriyah nggih nyuwon sepura saestu. Fajriyah janji bakal
    ngowahi sifat kulo. Bakal dari murid sing rajin lan manut , nduweni
    sopan santun   marang sapa bae.”
Bu BK             : “Lah ngenten kan masalahe rampung.”

            Akhire Fajriyah wiwit ngowahi sifate lan dadi bocah ingkang rajin, pinter lan nduweni sopan santun, seneng nolong marang sapa bae, lan semester iki Fajriyah lulus, etok peringkat 3 sawise Ajeng lan Angel.

Comments

Popular posts from this blog

Teks Drama Bahasa Inggris "Legend Banyuwangi"

Resensi Buku Non Fiksi "Biografi Agus Muhadi"